Ayo Nembang

Post oleh : Satria Risky | Rilis : 23.58 | Series :

Materi Tembang Macapat




Download file disini.
Macapat yaiku tembang utawa puisi tradisional jawa.
Biasane macapat kui uga diarani maca papat papat (membaca empat empat) yaiku maksude cara membaca terjalin tiap empat suku kata. Bait macapat nduweni baris kalimat jenenge gatra, lan tiap gatra nduweni suku kata (guru wilangan) tertentu, lan akhir pada bunyi sajak kasebut guru lagu.

Sejarah Singkat

Macapat muncul kira- kira jaman akhir Majapahit lan diwiwiti pengaruh Walisanga, sabab jaman kui mung ana ing Jawa Tengah, bilih ing Jawa Timur lan Bali macapat kondang sak durunge muncul Islam (Tuladhane karyane yaiku  kidung ranggalawe 1334 Masehi). 

Urutan, Arti, lan Watak tembang

1. Maskumambang (dalam Kandungan)
   Ngambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune, sing durung kaweruh  lanang utawa wadon. Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, Kumambang ateges uripe ngambang ing kandhutane ibune.
        Watak : nelangsa lan keranta- ranta.

2. Mijil (lahir)
Wong Jawa ngaranimijil, mbrojol, mencolot” sing artine muncul utawa keluar (wis lair)/ nggambarake lahire bayi kang wis ngerti wadon utawa priyane.

Watak : Asih (seneng) lan tresna

3. Sinom (muda)
Miturut Bahas jawa yaikukanoman’, kang ateges muda utawa usia muda. Nggambarake minangka kang wigati yaiku ngangsu kawruh sak akeh- akehe.

Watak : ethes lan grapyak

4. Kinanthi (tuntunan)
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya (nggambarake kanggo mujudake masa depan utawa cita- cita).

Watak : seneng lan tresna

5. Asmarandana (asmara)
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan(priya lan wanita lan kosok baline)kang kabeh mau dadi kodrat ilahi (menggambarkan masa dimana manusia dirundung asmara atau mabuk cinta).

Watak : sengsem

6. Gambuh (kecocokan)
Saka tembung jumbuh/ sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/ sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau supaya bisa urip (menggambarkan komitmen manusia yang sudah menyatakan cinta dan siap untuk berumah tangga).

Watak : kulina lan nepung- nepungke utawa sumanak lan sumadulur

7. Dhandhanggula (senang)
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng- senenge apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon nduwe sisihan, nduwe anak, urip cukup kanggo sak kulawarga (menggambarkan keberhasilan rumah tangga dan cita- cita yang tercapai).

Watak : luwes

8. Durma (dermawan)
Saka tembung darma/ weweh. Wong yen wis rumangsa kecukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandang kacintraan, mula banjur tuwuh rasa kepingin darma/ weweh marang sapadha padha. Kabeh mau disengkuyung urip saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa (menggambarkan wujud rasa syukur kepada Allah yang telah memberikan semua yang terbaik).

Watak : nesu lan muntab

9. Pangkur (menjauhi hawa nafsu)
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha padha (menggambarkan hawa nafsu negatif yang menggerogoti jiwanya).

Watak : kereng lan tegas

10. Megatruh (kematian)
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa (menggambarkan terlepasnya roh atau kematian).
       Watak : susah, prihatin, lan sedih

11. Pocung (dibungkus mori putih)
Yen wis dadi layon/ mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur (menggambarkan manusia lalu dimandikan, dishalatkan, dan siap dikuburkan).

Watak : gregetan utawa kendho utawa sembrana lan sakepenake

Serat Wedhatama

Serat Wedhatama yaiku salah sawijing karangan kaanggit dening KGPAA Mangkunegara IV , asale saka tembung Wedha lan Tama, Wedha tegese Ajaran lan Tama tegese Utama. Serat punika isinipun babagan ajaran-ajaran kabecikan, budi pekerti lan akhlak sahengga ngemotaken ing ngurip sak menika, mila serat punika wujudipun tembang supados dados pengeling-eling masyarakat Jawa.
Serat Wedhatama kui ana 5 pupuh 1. Pangkur, 2. Sinom, 3. Pocung, 4. Gambuh, lan 5.  Kinanthi

Teges Tuladhane


Manungsa dadi ciptaane Gusti kedah ginakaken ngilmu supados mboten salah kaprah anggenipun ngamalaken ilmu. Manungsa wajib ngangsu kawruh supados ningkataken drajatipun manungsa. Ngangsu kawruh kui kudu tenanan linambaran niat. Mula niat kang kuat bisa ngasilke semangat kang duwur, amargi semangat kang duwur kui bisa ngilangake alangan apa wae, mila ngilmu bisa mbedakaken endi sing sae endi sing elek/ ala.

Untuk lebih jelasnya , Silahkan download [DI SINI ]




كل القلوب يغيرها الوقت، إلا قلب الأم جنة دائما.
"Setiap hati akan berubah oleh waktu, kecuali hati seorang ibu, yang tetap menjadi surga selalu."

3 Comments

Tulis Comments
avatar
Satria Risky
Admin
22 Juli 2019 pukul 00.11

Semoga Bermanfaat ya...
Semoga Sukses

Reply
avatar
Royan blog
Admin
22 Juli 2019 pukul 18.43

Posting yang banyak lagi ya mas.
Saya jadi makin tahu tembang macapat

Reply